Paramasastra Jawa

Ringkes, jelas, lan gampang dipahami: saka aksara nganti pada (paragraf).

Tata bahasa Jawa utawa Paramasastra Jawa yaiku aturan sing ngatur babagan struktur tembung, wanda, aksara, ukara, lan pada. Aksara tegesé huruf, saka aksara banjur mbentuk wanda utawa suku kata. Saka wanda bisa dadi tembung utawa kata, umpamané méja, montor, maca, turu, aku, kowé. Sabanjuré, saka sawetara tembung bisa disusun dadi ukara utawa kalimat, umpamané Aku turu. Kumpulan saka sawetara ukara banjur bisa dadi pada utawa paragraf. Mula, runtutané yaiku: aksara → wanda → tembung → ukara → pada.

Diagram runtut

Conto lengkap

Aksara: a, k, u
Wanda: a-ku
Tembung: aku
Ukara: Aku maca buku.
Pada (paragraf):

Aku seneng maca buku saben sore. Buku sing tak waca ana ing perpustakaan sekolah. Saka buku kuwi aku bisa ngerti crita lan nambah kawruh. Mula, maca buku iku kagiyatan sing migunani kanggo saben wong.

Latihan (Quizizz)

Latihan iki bisa langsung ditindakake ing kene: